Kamis, 29 Agustus 2013

pawarta basa jawa

Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah
            
       Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten kendal, Jawa Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki, pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.

        
        Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang dipun betahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.
       Tanah ingkang tasih dados perkawis inggih punika wonten ing Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.
        Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2 juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi bangunan.
        Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipun rencanaken sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa ingkang badhe dipun damel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun tasih dipun rembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan, supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.
 (Disadur dari berita kompas.com dengan judul “Proyek Rel Ganda Terkendala Ganti Rugi Tanah”)
Categories ,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar