Senin, 02 September 2013

Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan pemkab

Perajin Tenun Stagen Betah Bantuwan Pemkab


Klaten, Kawontenan perajin tenun stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Kedungampel, Cawas, Klaten, mrihatosaken, jalaran ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening pemerintah. Samangke nalika regi benang mindhak, para perajin namung saged pasrah dhateng kawontenan.

Bab punika ingkang dipun andharaken dening salah satunggaling perajin stagen lan selendang ing Dhusun Patoman, Santo Miharjo. Santo Miharjo nelakaken kekirangan pawitan, kamangka regi benang ugi awis. Sakawit regi benang Rp 5.000,00 samangke Rp 11.000,00 saben kilo. Kamangka regi stagen namung Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00. Benang sakilo saged kangge ndamel stagen cacah sekawan, satemah bebathen para perajin mepet.

Nyumerepi kawontenan kasebat, satunggaling sesepuh masyarakat dhusun, Tumirin rumaos prihatin dhateng sesanggan gesang para perajin stagen lan selendang ing wewengkonipun. Ngantos samangke, para perajin dereng nate pikantuk pembinaan punapadene bantuwan pawitan saking dinas ingkang kawogan. Pangajabipun, pemerintah sageda gatosaken para perajin, supados gesangipun saged murwad.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar