Senin, 02 September 2013

Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti

Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12 Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi jagat raya.

Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.

Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar